PADA
1
Samengko ingsun tutur,
sembah catur: supaya
lumuntur,
dihin: raga, cipta,
jiwa, rasa, kaki,
ing kono lamun tinemu,
tandha nugrahaning
Manon.
yen aku ngomong,
papat warno sembah supaya di
lestarikke,
kapisan sembah raga cipta jiwa rasa
putraku,
nang kono kui arep ketemu tanda
anugrahe kang maha kuasa.
PADA 2
Sembah raga puniku,
pakartine wong amagang
laku,
susucine asarana saking
warih,
kang wus lumrah limang
wektu,
wantu wataking wawaton.
Sembah raga yaiku,
tumindak e wong kang dek nyoba “olah
batin”,
nyucike raga ngganggo sarana banyu,
sing wes lumrah kayata lima wektu,
kanggo watak kang dasar.
PADA 3
Inguni-uni durung,
sinarawung wulang kang
sinerung,
lagi iki bangsa kas
ngetok-ken anggit,
mintoken kawignyanipun,
sarengate elok-elok.
jaman mbiyen durung,
jaman mbiyen durung,
tau dingerteni ajaran kang kebak
tabir,
gek iki ana uwong mujudake hasil gawean,
mamerake kaisohane ,
amalane aneh –aneh.
PADA 4
Thithik kaya santri
Dul,
gajeg kaya santri brahi
kidul,
saurute Pacitan pinggir
pasisir,
ewon wong kang padha
nggugu,
anggere guru nyalemong.
dong dong kaya nggono santri “dul”(gundul),
dong dong kaya nggono santri “dul”(gundul),
yen disalahke kaya santri kidul,
seko pacitan tepi pantai ,
ewonan wong sing percaya.
Asal asalan yen ngucap.
Asal asalan yen ngucap.
PADA 5
Kasusu arsa weruh,
cahyaning Hyang kinira
yen karuh,
ngarep-arep urup arsa
den kurebi,
Tan wruh kang mangkoko
iku,
akale keliru enggon.
selak pengen ngerti,
selak pengen ngerti,
cahya kang maha kuasa dikiro isoh
ditemokke,
ngarep arep gedhe kepinginan (pikantuk
anugrah) nanging peteng matane,
wong ora paham kang kayanggono kui,
nalar e wes salah kaprah.
PADA 6
Yen ta jaman rumuhun,
tata titi tumrah
tumaruntun,
bangsa srengat tan
winor lan laku batin,
dadi ora gawe bingung,
kang padha nembah Hyang
Manon.
yen jaman mbiyen,
yen jaman mbiyen,
tertib tratur runtut harmonis,
sariat ora dicarpur aduk karo olah
batin,
dadi ora ngawe bingung,
gawe sing nyembah kang maha kuasa.
PADA 7
Lire sarengat iku,
kena uga ingaranan
laku,
dihin ajeg kapindhone
ataberi,
pakolehe putraningsun,
nyenyeger badan mwih
kaot.
saktemen e sariat kui,
saktemen e sariat kui,
isoh di sebut olah,
kang sifat e ajeg lan tekun,
putraku hasil sariat yaiku,
isoh nyegerake awak supaya luwih apik.
PADA 8
Wong seger badanipun,
otot daging kulit
balung sungsum,
tumrah ing rah memarah
antenging ati,
antenging ati nunungku,
angruwat ruweting
batos.
awak seger buger
awak seger buger
otot daging kulit lan balung sumsum e dadi
seger,
ngaruhake
geteh, ngawe tentrem ing ati.
Ketrentremen
ati mbantu,
ngresikake
kusut e batin.
PADA 9
Mangkono mungguh
ingsun,
ananging ta sarehne
asnafun,
beda-beda panduk
panduming dumadi,
sayektine nora jumbuh,
tekad kang padha
linakon.
ngonokui miturut ku ,
ngonokui miturut ku ,
nggere aarga wong kui beda beda,
beda pula garis nasib seko kang maha
kuasa.
Saktemene ora cocok,
tekad lkang pada dilakoni kui.
PADA 10
Nanging ta paksa tutur,
rehning tuwa tuwase
mung catur,
bok lumuntur
lantaraning reh utami,
sing sapa temen tinemu,
nugraha geming
Kaprabon.
nanging kepeksa ngenehi nasehat,
nanging kepeksa ngenehi nasehat,
amarga wes tua kewajibane meng ngenehi
nasehat,
sapa ngerti bisa nglestarike dadi
pedoman tumundak utama,
wong sopo temen bisa entuk,
anugrahing kamulyaan lan kahormatan.
PADA 11
Samengko sembah kalbu,
yen lumintu uga dadi
laku,
laku agung kang
kagungan Narapati,
patitis tetesing
kawruh,
meruhi marang kang
momong.
mengko sembah kalbu kui,
mengko sembah kalbu kui,
yen bebarengan uga dadi olah
spiritual,
olah utawa spiritual tingkat duwur
seng di duweni raja.
Tujuan ajaran ilmu kui,
gawe mangerti kang ngasuh awak utawa
guru sejati/ pancer.
PADA 12
Sucine tanpa banyu,
mung nyenyuda mring
hardaning kalbu,
pambukane tata, titi,
ngati-ati,
atetetp talaten atul,
tuladhan marang
waspaos.
suci e ora migunaake banyu,
suci e ora migunaake banyu,
nanging nahan nafsu ing ati,
wiwit saka tumindak kang tata teliti lan ati ati utawa
eling lan waspada,
teguh sabar lan tekun,
tuladha gawe tumindak waspada.
PADA 13
Mring jatining pandulu,
panduk ing ndon dedalan
satuhu,
lamun lugu leguting reh
maligi,
lageane tumalawung,
wenganing alam kinaot.
ing panyawang kang sejati,
ing panyawang kang sejati,
mikantuk sasaran kanthi tata cara kang
bener,
senadyan sederhana tata lakune
mbutuhake konsentrasi,
kanthi biasa krungu swara sayup sayup
ing nyenyet ing swasana,
yakui bukaing “Alam liya”.
PADA 14
Yen wus kambah kadyeku,
sarat sareh saniskareng
laku,
kalakone saka eneng,
ening, eling,
Ilanging rasa
tumlawung,
kono adile Hyang Manon.
yen wes pikanthuk kaya nggono kui,
yen wes pikanthuk kaya nggono kui,
syarat e sabar kabeh tumindak e,
isoh e kanthi cara kasadaran nyenyet
elingan,
kanti ilange rasa sayup sayup,
neng kono adil e kang maha kuasa ana.
PADA 15
Gagare ngunggar kayun,
tan kayungyun mring
ayuning kayun,
bangsa anggit yen
ginigit nora dadi,
Marma den awas den
emut,
mring pamurunging
lelakon.
gugur e yen miturut kagelem an e dewe ( nafsu),
gugur e yen miturut kagelem an e dewe ( nafsu),
ora seneng yen endah e rasa sejati,
yen ngrasaake kapinginan e kang ora
isoh kawujud.
Sanadyan
mangkono awas lan ingat lah,
kanthi gawe
gagaling tujuan.
PADA 16
Samengko kang tinutur,
sembah katri kang
sayekti katur,
mring Hyang Sukma
sukmanen sehari-hari,
arahen dipun kecakup,
sembah ing Jiwa
sutengong.
mengko yen diajari,
sembah ketelu kang saktemen e di
kanggoake,
kanggo hyang sukma utawa jiwa hayati
saben dina,
tinujulah kanthi pikanthuk ,
sembah jiwa iki putraku.
PADA 17
Sayekti luwih prelu,
ingaranan pepuntoning
laku,
kalakuan kang tumrap
bangsaning batin,
sucine lan Awas Emut,
mring alame alam amot.
temen luwih penting,
temen luwih penting,
sinebut kanthi pucuk ing dalan
spiritual,
tumindak olah batin,
jaga sucining kanti awas lan mesti
kelingan,
karo alam kang awet.
PADA 18
Ruktine ngangkah ngukut,
ngiket ngrukut triloka kakukut,
jagad agung gimulung lan jagad
cilik,
Den kandel kumandel kulup,
mring kelaping alam kono.
cara njaga kanthi nguawasani,
cara njaga kanthi nguawasani,
njipuk ngikat ngrangkul telung jagad kang di kuasani,
jagad gedhe kalah karo jagad cilik,
gedheke kayakinan mu putraku,
gedheke kayakinan mu putraku,
karo kelaping alam kono.
PADA 19
Keleme mawa limut,
kalamatan jroning alam
kanyut,
sanyatane iku kanyatan
kaki,
Sajatine yen tan emut,
sayekti tan bisa awor.
leleping rasa nglewati swasana “nyeyeting kabut” ,
leleping rasa nglewati swasana “nyeyeting kabut” ,
oleh firasat ing alam kang ngayuhake,
sak temen e kaya mengkono kui kadadean
saktemen e,
putraku sejati e yen ora eleng,
saktemen e ora bisa” nyampur”.
PADA 20
Pamete saka luyut,
sarwa sareh saliring
panganyut,
lamun yitna kayitnan
kang mitayani,
tarlen mung
pribadinipun,
kang katon tinonton
kono.
dalan metu e saka luyut (batas antara e lahir lan batin),
dalan metu e saka luyut (batas antara e lahir lan batin),
tetep sabar melu ing “alam kang
ngayuhake”,
asal ati ati lan waspada kang nuntas
ake,
ora meng awak dewe,
seng ketok nang kono.
PADA 21
Nging aywa salah surup,
kono ana sajatining
Urub,
yeku urup pangarep
uriping Budi,
sumirat sirat narawung,
kadya kartika
katongton.
nanging ojo salah ngerti,
nanging ojo salah ngerti,
neng kono ono sajatingin urub,
yaiku urup pambimbing,
energi panguripan akal budi.
Cahyaning luwih terang lan cemerlang,
ketok kaya bintang.
PADA 22
Yeku wenganing kalbu,
kabukane kang wengku
winengku,
wewengkone wis kawengku
neng sireki,
nging sira uga kawengku,
mring kang pindha
kartika byor.
yaiku bukak ing lawang ati,
yaiku bukak ing lawang ati,
bukaking kang kuasa nguawasani( antara
cahya kanthi jiwa),
cahya kui wes kok kuasai,
nanging kok kuasani,
kanthi cahya kang awujud bintang
cemerlang.
PADA 23
Samengko ingsun tutur,
gantya sembah ingkang
kaping catur,
sembah Rasa karasa
rosing dumadi,
dadine wis tanpa tuduh,
mung kalawan kasing
Batos.
mengko ingsun diajari,
mengko ingsun diajari,
ing sembah kang ke papat ,
sembah rasa rasa e hakekat panguripan.
Kedadean e tanpa pituduh,
mung nganggo kesentosaan batin.
PADA 24
Kalamun durung lugu,
aja pisan wani
ngaku-aku,
antuk siku kang
mangkono iku kaki,
kena uga wenang muluk,
kalamun wus pada melok.
Yen durung bisa nggawa awak,
Yen durung bisa nggawa awak,
ojo sepisan-pisan wani ngaku-aku,
oleh murkane kang kaya ngono kuwi
putraku,
artine sopo wae nduwe hak ngomong,
yen wis ngerti kanti temenan.
PADA 25
Meloke ujar iku,
yen wus ilang sumelang
ing kalbu,
amung kandel kumandel
ngandel mring takdir,
iku den awas den emut,
den memet yen arsa
momot.
saktemene pangajaran kuwi,
saktemene pangajaran kuwi,
yen wis ilang ragu-ragune ati.
Nanging percaya kanti temenan karo
takdir
kuwi kudu diati-ati dieleng-eleng,
digateakke yen pengen nguasani sak
kabehane.
PADA 26
Pamoring ujar iku,
kudu santosa ing budi
teguh,
sarta sabar tawekal
legaweng ati,
trima lila ambeh sadu,
weruh wekasing dumados
Njalani pituduh kuwi,
Njalani pituduh kuwi,
kudu kokoh budipakertine,
teguh serta sabar,
tawakal lapang dada, nerima lan ikhlas
apa anane tumindakke kang bisa dipercaya,
mangerti “sangkan paraning dumadi”
PADA 27
Sabarang tindak-tanduk,
tumindake lan
sakadaripun,
den ngaksama
kasisipaning sesami,
sumimpanga ing laku
dur,
hardaning budi kang
ngrodon.
sekabehane tindak tanduke,
sekabehane tindak tanduke,
dilakoni sak anane,
nguwehi pangapuro dateng kalepatan
sopo wae,
ngadohi tumindak ala ,
(lan) watak angkara kang gede.
PADA
28
Dadya wruh iya dudu,
yeku minangka pandaming
kalbu,
inkang buka ing kijab
bullah agaib,
sesengkeran kang
sinerung,
dumunung telenging
batos.
sahinggo ngerti becik lan ala ne,
sahinggo ngerti becik lan ala ne,
kaya ngono kuwi kang dadi kemantepan
ati,
kang mbukak kang ngalangi/tabir antara
manungsa lan kang maha kuasa,
kasimpen ing rahasia,
ing njero batin.
PADA 29
Rasaning urip iku,
krana momor pamoring
sawujud,
wujuddullah sumrambah
ngalam sakalir,
lir manis kalawan madu,
endi arane ing kono.
Rasa urip iku,
Rasa urip iku,
kanti cara manunggal ing sawijining
wujud,
wujud kang maha kuasa awujud jagad
raya,
kayata rasa legi amarga madu.
Kaya ngono kuwi ujarane.
PADA 30
Endi manis endi madu,
yen wis bisa nuksmeng
pasang semu,
pasamaoning hebing kang
Maha Suci,
kasikep ing tyas
kacakup,
kasat mata lair batos.
Endimanis endi madu,
Endimanis endi madu,
yen wis iso nggayuhake gambaran iku,
kepiye pangertene sabda kang maha
kuasa,
mbokya digenggem ing njero ati,
wes jelas dingerteni kanti lahir lan
batin.
PADA 31
Ing batin tan keliru,
kedhap kilap liniling
ing kalbu,
kang minangka colok
celaking Hyang Widi,
widadaning budi sadu,
pandak panduking liru
nggon.
Ing njero batin ora tau salah,
Ing njero batin ora tau salah,
kabeh cahaya endah digateakke ing
njero ati,
kang dadi pedoman saben nggatekake
hakekat kang maha kuasa,
selamete merga budi kang jujur,
ben isoh ngrasuk lan maleh “nggon”
PADA 32
Nggonira mrih tulus,
kalaksitaning reh kang
rinuruh,
ngayanira mrih wikal warananing
gaib,
paranta lamun tan
weruh,
sasmita jatining
endhog.
Ben usahamu oleh hasil,
Ben usahamu oleh hasil,
bisa nemokake apa kang digoleki ,
gaweanmu supaya bisa ucul sing
ngalangi kegaibane,
yen kowe ora ngerti,
delokna marang piye dadine endog.
PADA 33
Putih lan kuningpun,
lamun arsa titah teka
mangsul,
dene nora mantra-mantra
yen ing lair,
bisa aliru wujud,
kadadeyane ing kono.
putih lan kuninge,
putih lan kuninge,
yen arep netes wujud teko lan ganti,
ora disangka-sangka yen ing lair,
isoh ganti wujud,
kedadeane ning kono!
PADA 34
Istingarah tan metu,
lawan istingarah tan
lumebu,
dene ing njro wekasane
dadi njawi,
raksana kang tuwajuh,
aja kongsi kabasturon.
dipastekke ora metu,
dipastekke ora metu,
yo ora mlebu,
sak temene ing njero akhire dadi ing
njobo,
rasakno temenan,
aja nganti keliwat ora bisa mahami.
PADA 35
Karana yen kebanjur,
kajantaka tumekeng
saumur,
tanpa tuwas yen tiwasa
ing dumadi,
dadi wong ina tan wruh,
dheweke den anggep
dhayoh
Amarga yen wis keliwat,
Amarga yen wis keliwat,
bisa ora tenang sedawane urep,
ora ana gunane yen sesok mati,
dadi wong hina kang bodo,
awake dewe malah dianggep tamu.
semoga membantu :)